Text
Trubus Kang Mranggas
Warsiyem, emake Wargono pancen mesakake banget lelakon uripe. Biyene, emake Wargono kuwi ndherek sawijining pejabat ing kutha kadidene pembantu rumah tangga. Maune apik-apik bae. E, bareng let sawetara tahun dadak si warsiyem ditundhung mulih jalaran meteng.
Manut pengakuwane warsiyem, sing ngetengi anake majikane sing dadi mahasiswa. Nanging bareng bab kasebut dikandhakake, Warsiyem malah diuring-uring lan sumedya diprekarakake awit dianggeb gawe pitenah. Manut nalar, jarene mokal banget yen si mahasiswa sing putra pejabat kuwi dhemeni Warsiyem. Pancen Warsiyem si elek kok. Pakulitane ireng, kathik irunge njeboh. Nanging arep kepriye wae, Margono kuwi ana amarga polahe anake pejabat kang ganteng rupane, kuning pakulitane, lan mesti wae sugih, mula rupane Wargono ya ganteng. Nanging arep kepriye maneh, tresno lan hawa napsu kuwi pancen angel dibedakne...
"Trubus Kang Mranggas" iki tetenger kang dijupuk saka salah sijining irah-irahan cerkak ana ing buku antologi cerita cekak karangan Tiwiek SA. Cerita cekak ini ukarane rada puitis lan apik, nanging cerita-cerita antologi liyane yo ora kalah becik-e. Nah kaya ngapa cerita-cerita antologi karangan Tiwiek SA liyane? Sumangga, kita maos sareng-sareng antologi cerkak wonten buku menika.
| A2109 | 811 TIW t | Perpustakaan Sekolah Cendekia BAZNAS (800) | Tersedia |
| A2110 | 811 TIW t C.1 | Perpustakaan Sekolah Cendekia BAZNAS (800) | Tersedia |
Tidak tersedia versi lain